Monday, July 19, 2010

Ngalamate/pratondo wong ngimpi/mimpi

1. Di sembur ula, oleh jodho. Dicokot ula, dialani wong. oleh purugan ula mandi, diewani boone. weruh luang/lubang ana ulane pada mati utawa weruh plunsungan ula, dawa umure.

2.. Njupuk banyu wulu, suci lan sampurno pagaweyane. Raup, luwar kasusahane. Adus ing sumure dhewe, arep lara kesambet. Adus kali banyune santer, lara gelis waras, adus ing kali banyune asat , susah rejekine. Slulup kali banyune anyep, utawa nglumpati kali ora bisa bali, lara keras uga bisa mati. Slulup kali banyune adem banget , nandangi gaweneng ratu. Keli ing kali, kapitunan. Keli lumebu ing segara, nemu seneng lan pagaweane utawa pagupajiwane daddi. Ana ing segara, rijekine akeh. Silem banyune butek , rekasa uatawa arep tapa. Silem banyune bening , kepenak. Nyemplung talaga , oleh salah gedhe. Kelelp ing telaga, dibutuhake negara. Ngadeg sanduwure banyu, kesusahan. Lumaku sanduwure banyu ora tumapak, oleh pangkat lan kamulyaan. Kecemplung sumur utawa kali, kesusahan utawa kepaten. Ngelangi ing kali utawa ing segara, katekan karepe. Klelep ing banyu butek, lunga ora bali. Kelelep ing banyu bening, oleh bandha lan ngelmu. Disireti banyu kali, kena perkara. Prakarangane kelebon banyu, kerusakan lan kepaten.

3. Munggah gunung kanti kepenak, munggah pangkat utawa oleh rejeki yen munggah gunung kanti rekasa , nemu kangelan , rumangsa ana ing pucuk gunung, oleh kanugrahan, munggah gunung terus manggon omah ing kono, oleh rejeki lan oleh kamulyaan. munggah gunung ketemu snak, oleh kebecikan.munggah gunung ngunduh woh-wohan, oleh arta. munggah saka jurang oleh pangkat utawa kepenak, munggah mejane dewek oleh pangkat, munggah ing langit oleh arta utawa pangkat. Munggah masjid oleh kanugrahan, munggah loteng oleh pangkat utawa keuntungan.

4. Mangan apem oleh arta. mangan sega janganan arep lara.mangan sega punar oleh barang.mangan sembarang legi karo jeruk arep lara, mangan daging lidah /liat , luar susahe. mangan karo ngadeg oleh arta akeh. mangan daging sapi,kebo,wedusbabi,pitik,oleh kebecikan.yen daging mau dipangan mentahan , oleh arta akeh. kumpulan mangan karo khalipah ( ratu ), utawa wong agung oleh pangkat gede.

5. Ngombe banyu bengawan, kadukan lurahe, ngombe banyu kuwali oleh harta. ngombe banyu bening, oleh ngelmu. ngombe banyu buthek oleh arta ora halal, ngombe banyu kentel, oleh mas salaka, ngobe banyu kali rasane asin, oleh arta ora khalal, ngombe pohan oleh arta.

6. Rumangsa menang karo sapa bae, arep nurunake anank lanang gedhe pangkate. Rumangsa lara banget nemu slamet lan mulya, rumangsa dadi gajah, gede utange lan oleh ngelmu. rumangsa dadi manuk.gede untunge lan oleh kemulyaan. ngrasa pincang dilututi lan kinormatan wong, krasa panas ,oleh arta papancen. krasa adem kelangan. ngrasa apa-apa bae mlebu, nemu slamet,ngrasa ana segara oleh arta. ngrasa seneng, susah utawa lara. ngrasa awake dialingi mega,katutugan karepe. ngrasa awake digawa mega manduwur, slamet. rumangsa gede utawa katon gede awake, slamet lan kesembadaan sasesyane. rumangsa mati ilang rejekine. rumangsa arep mati, dawa umure lan rejekine.

7. Nganggo sadhangan prajurit, susah kacilakan. ngango sandhangan wong miskin, karejeken seneng. nganggo sandhangan wong luhur,oleh arta. nganggo sandhangan mas inten, susah. Cucul sandhangan, kelangan.sandanganne ana kang keri kelangan

8. Rarasan weruh allah, kataekan karepe, weruh nabi rasul, oleh swarga. weruh malaikat,widadari utawa nabi adan, dadi penghulu. weruh swarga katekan karepe. weruh utawa nlebu neraka, dosa gedhe. metu sakang swarga ilang dosane. weruh kiamat, oleh pangkat utawa katekan karepedadi. weruh ratu munggah pangkat. weruh penghulu nemu lara. weruh wong akeh larang pangan lan akeh lelara. weruh lokhmaful utawa maca QUR`AN, OLEH NGELMU. WERUH LINTANG OLEH NGELMU yen lintang temurun lumebu omah, oleh harta lan kanugrahan. weruh omaeh kauban mega, katekan karepe. weruh mega rupane abang utawa ireng susah. weruh srengenge lumaku munggah, katekan karepe. weruh srengenge cedak rembulan oleh anak. weruh awake dewek kasunaran srengenge utawa rembulan arep sugih. weruh udan mas kinasihan wong akeh. weruh udan embun satrune arep mateni. weruh udan woh dadi lurah durjana. weruh udan sue lara keras. weruh udan deres arep weweh, weruh udan angin luar susahe. weruh prahara langit pecah kepaten wong tuwane. weruh angin gedhe sangkang segara, linurugan perang. weruh lintang nduwur ganget oleh kanugrahan. weruh cahaya karepe dadi. weruh geni ing kadohan dawa umure. weruh geni rupane ireng enggal ulih kang di goleki. weruh geni ing ngomah fitnahweruh geni ing nduwur urube dawa umure. weruh kukus geni nyambet gawe susah. weruh geni ing kuburan dawa umure. nyimpen geni ing papangan utawa sawaholeh pari akeh. weruh pepeteng akeh dosane. weruh gelap nyamber oleh pangkat mulya. weruh gunung geni oleh kinasihan gusti lan mulya. weruh geni sekang langit ngobong omah,oleh kasugihan. weruh omah kobong entek, oleh rejeki akeh. weruh kukus metu saka omah, lara. weruh pawone padang oleh suwur. weruh omah rubuh,kasusahan. weruh omah nduwur dileboni oleh sanak wong agung utawa wong tapa oleh rejeki. weruh omah ditinggal disengiti wong. weruh omahe nduwur oleh rejeki utawa sadulure di pundhut wong gedhe. weruh omahnduwur banjur entek turun pangkat. weruh omah dinukak gedege pegatan karo bojone utawa pisah lan wong tuwane. weruh omah kawange nduwur amba oleh pangkat utawa untung. weruh lawange omah ditutup pegaweyane susah. gawe omah tetelu dadi arep rabi lan karepe dadi. weruh gunung oleh arta lan kinasihan wong agung. weruh kembang kesenengan utawa arta. weruh kebo dipaeka wong ora tumeka. weruh kebo utawa sapi di tunggangi oleh kagungan. weruh sapi lumayu utawa mbedath oleh rejeki. weruh macan nyakot utawa nyatek oleh pagaweyan lan kanggep. weruh macan mmbebeda ana perkara. weruh gajah nlebu omah satrune rusak utawa desane kesusahan. weruh gajah kanggep ing ratu,awake ngunggang gajah utawa diiringi gajah kinasihan ratu lan tinurutan karepe. weruh bathang gajah oleh rejeki akeh. weruh gajah mlaku sejeroning omah, oleh pangkat. weruh ula gede karepe dadi. weruh ula akeh dawa umure. weruh kreteg oleh pagaweyan. weruh kreteg tugel kepaten anak utawa putu. weruh tulis ing lawang lara awake lara awake. weruh kali kebek banyune wong desa akeh ngalih. weruh kali banyune cilik bening oleh arta. Werh banyu mili mentas teka, oleh pangkat. weruh telaga akeh banyune oleh pagaweyan. weruh akli banyune santer oleh kabar saka liya nagara. weruh kali sakawit asat nuli banyune, nemu perkara. weruh kali banyune banjir oleh rejeki.weruh sumur ana iwake oleh untung. weruh sumur banyune bening utawa mbanjur ngombe luput dukacita lan oleh ngelmu. weruh sumur temboke rusak cilaka gedhe. kerungu obak segara utawa swara gemelundhung arep lara. weruh tai akeh barang arep di umpentake wong. dodote kena tai ora kepenak atine, omahe akeh tai oleh rejeki. weruh daging sairis oleh kabecikan. weruh tanah utawa gunung jugjrug kesusahan. weruh omah lawange manga, yen perang utawa prakaran kalah. weruh pitik disembeleh kepaten wongtuwane utawa sadulure. weruh ula mandi satrune menang padune. weruh dirham( duwit emas ) panas atine, yen kui mau dirhan sigar tukaran. weruh susune wong lanang gedhe utawa amba daddi pengulu.

9. Anan gerhana srengenge utawa rembulan kesusahan utawa ana ratu rusak negarane. srengenge utawa rembulan ing mangomah oleh karaton utawa kanuggrahan gedhe. weruh srengenge utawa rembulan sigar separo ratu sulaya padha ratu. srengenge utawa rembulan sigar rupane ireng dipenggawe wong. weruh mega tiba murah pangan. lintang kemukus tiba ing omah. untung lan oleh ganjaran. wit-witan gede rubuh kena prakara rusak desane.

10. Ngango kembang disihi wong. nganggo wawangi kasturi utawa regulo lara gelis waras. sirahe disoki wawangi oleh rejeki gawe lara awake dewe rahayu slamet. yen awake nandang lara oleh rejeki. gawe slametan yen main menang.

11. Lunga kaji sampurna pagaweyane. lunga adoh nemu lara. lunga adoh enggal mulih gampang rejekinnya. lunga pasar oleh arta. lumaku tiba-tiba bae ilang pangkate. lumaku kalangan pager ora katekan karepe. lumayu tiba leren saka panggaweyan.

12. anduduk lemah arep padu. anduduk kalen oleh rejeki. anduduk kuburan wong mati oleh untung saka permainan. ngurug dalan kelangan arta. ngarata lemah luwar susahe. ngemek utawa ngupara wong mati oleh arta akeh. ketemu gangke wis mambu susah saka duwit.

13. dirusak utawa dipilara wong nemu rekasa. dingngeri wong wadon oleh wesi aji. digebug kayu tunggak oleh rejeki didjungkati rambute luar susahe. dicakot kewan disihi wong akeh. ditiliki omah disanak pengulu. diwenehi beras apri nemu pakewuh gedhe. ditabok nemu susah. dioyak-oyak maling oleh arta. dipisuhi utawa diuneni ala oleh arta. Dikon menggoni omeh wong oleh pangkat. diundang wong oleh untuk. yen kang ngundang wong agung kang lagi dipayungi kaprabon pangundange sarane ngawe, utawa diwenehi payung kang ana serete oleh pangkat.

14. Tatu awake oleh rejeki yen awake ditatoni wong kacilakan. awake gumeter lara katekan bebaya. awake kebak tuma yen main menang. tangane katumpangngake wong kanggep wong gedhe.sirahe ditumpangi tangane wong katekan karpe. yen awake sing ditumpangi tangane wong lara banget. awake kebanda nemu lara, kaboyong musuh diulihake saka paran. mudhak cilik awake nemu susah. mundhak gedhe awake katekan karepe. sikile gelangan selaka oleh gelangan salaka oleh kabecikan lan kebgjaan. drijine methu getihe oleh arta. cangkeme metu wulune oleh arta . sirahe menthu sungune loro keringan lan mulya yen methu sungune siji lincip cilaka gedhe. Rambute sirah rontog kepaten. katon putih raine oleh wong wadon.

15. Duwe dhayoh lara oleh pitulungan. duwe jago arep duwe anak alang. duwe pitik utawa manuk bojone meteng. Andekep iwak loh, bandher, tambra, grameh, iwak mas, wader, kutuk oleh arta akeh.

16. Ketemu nabi oleh drajad, yen ngimpi saewise tengah wengi oleh kasekten. ketemu wong kang durung weruh katekan karepe. ketemu bapake utawa anake nemu seneng . nemu duwit arep lara samban.

17. Nunggang prahu muringmuring arep duka cita. nunggang parhu ing segara kerem kacilakan desane . nunggang prahu layar rikat lakune oleh rejeki. nunggang jaran susah. nungngang kereta utawa kareta lumebu umah susah.

18. Nunggoni wong mati bisa gumuyu larane enggal waras. mateni wong nganggo golok yen adu jago menang. kerenngan karo wong wadon nganggo gaman oleh untung. ngedum, duwit karo bojone arep pegatan. ngantemi bojone ana rembug. ngantemi wong utawa ngunen - unen nemu susah. lara payah nemu slamet. karubuan kayu, kerusakan. dadi panganten diarak wong akeh arep mati . yen weruh panganten lanang wadon wis ditemukkake ( ora di arak ) lan ngnanggo raja kaputren( menganggo kaya ageming para putri dalem putraning nata ) oleh kanuggrahan.

19. Metu saka alas kelangan. ngobong alas jaya gedhe. perang sabil tentrem lan sampurna pagaweyane. salat nganti tutug rinilan alloh. tetembangan nemu susah. nangis ana ing omah nemu seneng yen nangis ana ing dalan nemu susah . wewedu nemu kawiranngan. jogedan nemu bebaya. nyebul suling tentrem atine. nginang arep kerusakan. lungguh pakunjaran luar susahe . ngising arep kelangan. turu ing lemah nemu seneng. ngrumati wong tuwa oleh rejeki. nyembelih kebo oleh arta. negor wit-witan arep lara. lumaku karo wong wadon dudu bojone kelangan.

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.

Entri Populer