Monday, July 12, 2010

Prabawaning dina lan tanggal lahir

Tanggal 1 = dina kuda, becik, bocah lahir ing dina tanggal iku, becik watake yen lara/sakit enggal waras, tutulake seket binuntel kaya wong njunjung jaran binuwang mangidul. Ing dina iku alloh ndadekke nabi adam sabanggawe becik, yen nrajang musuh ala, tinrajang ala, yen ana warta becik temen, warta ala goroh, yen ana barang ing ilang tanggal iku enggal ketemu, kang njupuk wonge cedak cilik praenane, ireng kulite.

Tanggal 2 = dina kidang, bocah lahir ing dina iku, bapa biyung ilang artane, yen nenandur becik, dol tinuku lan lelungan becik, yen lara tutulake gaweya rurupa kidang nganggo glepung buwangen lebona meng geni. Ing dina iku Alloh ndadekna babu kawa saka nabi adam.

Tanggal 3. dina macan, kaliwat alane bocah ing lahir ing dina iku, watake bodo, durjono ing Alloh lan wong tuane, utawa ing ratune, aja gagawean lan lelungan, tutulake gawea rurupa macan, buanga mangidul. ing dina iku kabener Kabil mateni Habil sadulure dewe pada putrane adam sarta nalika Nabi Adam lan kawa katurunake ing donya uga dina iku. yen wong perang ing wayah tengange becik, yen wong lara lawas warase,

Tanggal 4 = Dini kucing bocah lahir ing dina iku becik watake, bekti mareng wong tua lan sering mertapa, nanging yen lahire tengange ala, watake lalaranen ora sabenere, yen buburu becik, yen lulungan ala, yen nrajang musuh pada-pada. yen lara tutulake gaweya rurupa kucing buwanga mangulon.

Tanggal 5 = Dina sapi sabarang ala, bocah lahir ing dina iku, watake durhaka maring wong tua, yen lara banget lawas warase , tutulake gaweya rurpan kaya sapi buwanga mangulon, sarta sedekaha iwak sukupat, dongane tulak bilahi dina iku lahire kabil saka babu kawa. yen shwat ing dina iku mangka dadi, bocahe kliwat durhakane

Tanggal 6 = Dina kebo becik banget, bocah lahir ing dina tanggal iku watake becik bekti ing alloh lan wong tuwane, lelungan darat ala, lalayaran becik, nrajang musuh ala , akeh lan tatu lan mati, yen lara enggal waras, tutulake gaweya rurupan kebo buangan meng alas.

Tanggal 7 = Dina tikus, bocah ing lahir dina iku becik, watake bhekti marinng alloh lan maring wong tua, yen nenandur becik, lulungan ala, yen lara lawas warase, tutulake gaweya rurupa kaya tikus buwangan mengalor sedekahe tukon pasar dongane donga selamet.

Tanggal 8 = Dina lembuwana ( menjangan ) dina lahir tanggal iku becik, watake akeh begjane kinasihan wong agung, wong lulungan ala, dol tinuku ala, yen nrajang lan tinrajang musuh pada rusake, yen ana warta becik temen, yen ala goroh, yen lara tutulake gaweya titiron menjangan buwangen mangulon, ing dina iku alloh ndadikake nabi nuh lan nalika nunggang prahu.

Tanggal 9 = Dina asu, ala banget, bocah lahir ing dina tanggal iku kliwat alane, durhaka maring alloh lan wong tuwane, yen dol tinuku becik,yen perang akeh papati. Ing nalika nabi saleh nandhang bilahi ing dina iku, yen ana warta ora temen, yen lara tutulake gaweya rurupan asu buwangen meng longan, kang lara dusana banyu tawa.

Tanggal 10 = Dina naga, bocah lahir dina iku lewih becik, sabarang sarwa temen, yen lara enggal waras, tutulake gaweya rurupan naga , buwangen ing banyu, yen seba ratu lan seba mantri becik, dina iku tumurune nabi nuh.

Tanggal 11 = Dina wedus, bocah lahir ing dina lan tanggal iku becik, watake akeh dahulate tur akeh rijekine lan dawa umure lan sinung kanugrahan, yen nrajang musuh ala, warta ala goroh, warta becik temen , yen lara gaweya rurupan wedus buwangan mangalor.

Tnggal 12 = Dina mayang, bocah lahir ing dina iku becik, yen ana warta becik temen, warta ala goroh. yen lara tutulake mayang buwanga meng alas utawa dalan prapatan, yen dol tinuku becik, nrajang musuh becik, tinrajang ala

Tanggal 13 = Dina gajah, bocah lahir ing dina tanggal iku akeh larana, yen ana warta becik goroh, warta ala temen, yen lara lawas warase , tutulake gaweya rurupan gajah buwangan mangidul, sabarang gawe ala, dol tinuku ala, yen perang nemu wong kuasa, nrajang musuh becik,tinrajang ala.

Tanggal 14 = Dina singa = luwih becik, bocah lahir dina tanggal iku becik sakabehane, yen lara tutulake suket ginawe rurupan singa lan sedekahan. Ing wektu iku alloh gawe langit lan bumi, swarga neraka. ngaraskursi yen adol becik, lulungan becik nrajang musuh ala trinajang becik lan aja lunga saka panggonanne.

Tanggal 15 = Dina Iwak, luwih becik, bocah lahir ing dina iku bhekti ing ratu lan maring mantri, tutulake gaweya rurupan kaya iwak buwangan meng banyu, ing dina iku samubarang becik, yen wong sahwat bisa lewih becik, bocah bekti maring alloh lan wong tuane, dina iku alloh ndadikake nabi yusuf, yen nrajang musuh becik tinrajang ala, dol tinuku becik.

Tanggal 16 = Dina malam, keliwat alane, bocah lahir tanggal iku bisa edan engetane, utawa tansah lalaranen lan kerep kemalingan yen lara tutulake gaweya rurupan malam buwangan meng gunung, dina iku lewih ala, yen sahwat ing dina tanggal iku yen daddi bocah nakal edan, watake durhaka maring wong tuwane, sabarang gawe ala. ing dina iku alloh ngelaknat/nyoba nabi lud, yen nrajang musuh ala, tinrajang uga ala, warta becik goroh , warta ala temen.

Tanggal 17 = Dina hulung bocah ing lahir tanggal iku becik danget ing sakabehane, yen lara gaweya rurupan hulung buwangan ing alas kang kiwa. dina iku samubarang gawe becik, seba ing ratu mantri becik, lulungan becik,dol tinuku becik, dina iku andadikake nabi yakub lan nabi musa mbeneri munajad. yen mbuburu becik nrajang musuh ala, trinajang becik, sabarang warta temen.

Tanggal 18 = Dina celeng , bocah lahir ing dina tanggal iku becik. ing dina iku alloh maringake nabi yakub tetemon lan nabi yusuf, wong lulungan becik, yen nrajang musuh pada asore, karna alloh ndadikake srengenge lan rembulan, yen lara tutulake gaweya rurupan celeng buwanga ngalor bener.

Tanggal 19 = Dina banteng bocah lahir ing dina iku watake ala durhaka ing alloh lan wong tuwane yen lara gaweya rurupan banteng buwangan meng alas, lan sedekaha, ing dina iku alloh ndadikake nabi yakub, yen seba ratu utawa mantri becik, ketemu wong sugih becik, sabarang warta temen, nrajang musuh ala tinrajng becik.

Tanggal 20 = Dina antu, bocah lahir ing dina iku becik, akeh rijekine tur loma, yen lulungan ala, nrajang utawa tinrajang musuh sampiyuh, yen ana warta temen, yen lara gaweya rurupan antu buwangan mengalor.

Tanggal 21 = Dina reng, bocah ing lahir tanggal iku ala durhaka maring wongtuwane yen lara gaweya rurupan areng buwangan mangidul lan sedekahan dina iku sabarang gawe ala, serba ratu utawa mantri ala, dol tinuku ala, warta becik temen warta ala goroh.

Tanggal 22 = Dina urang, lewih becik, bocah lahir tanggal iku becik dina iku alloh ndadikake nabi yusup, dol tinuku becik, seba ratu uatawa mantri becik yen lelungan wis tekan parane ala nrajang utawa tinrajang sampiyuh, yen lara tutulake urang buwangan meng omah.

Tanggal 23 = Dina uler segara, bocah lahir ing tanggal dina iku ala durhaka mareng wong tuwa, yen serba ratu utawa mantri becik, yen sahwat dadi , bocahe ala lan durhaka maring wong tuwa, yen ana warta temen, yen lara gaweya rurupan uler segara buwangen pernah maju pat lan sedekaha.

Tanggal 24 = Dina pare, ala banget, bocah lahir ing dina iku durhaka maring alloh lan wong tuwane. yen lara tutulake lenga, kapur lan beras di wenehake wong miskin, dina iku alloh ndadikake namrud lan pirngon, yen nrajang mungsuh utawa tinrajang pada lupute.

Tanggal 25 = Dina pandhe, bocah lahir ing dina tanggal iku kudu kang akeh sedekah, dina iku sembarang gawe ala, nrajang musuh ala, tinrajang becik.

Tanggal 26 = Dina kala, bocah lahir ing dina tanggal iku becik, watake bekti ing alloh lan wong tuwane, yen lara gaweya kala buwangan dalan prapatan, dina iku alloh ngelem pirngon sawonge pada tumpes perang lan nabi musa, yen nrajang ala tinrajang slamet.

Tanggal 27 = Dina helang, bocah lahir ing dina tanggal iku becik watake bekti ing alloh lan maring wong tuwane, dina iku lewih becik sambarang gawe tinemu becik, sebab alloh nurunake rahmat ing wong akeh, yen perang pada becike, warta becik temen, yen ala goroh, yen lara tutulake gaweya rurupan helang buwangan mangulon lan sedekahan.

Tanggal 28 = Dina pari, bocah lahir ing tanggal iku becik, sabarang gawe sarwa becik, yen lara tutulake mbuwanga meng kali, yen warta becik goroh , warta ala temen.

Tanggal 29 = bocah lahir ing bulan tanggal iku alaakeh larane lan durhaka maring wong tuwane yen lara gaweya rurupan uler buwangan manduwur, yen wong perang ing dina iku sampiyuh.

Tanggal 30 = Dina sada kaliwat alane, bocah ing dina tanggal iku yen wayah isuk akeh larane, yen lahire wayah luhur utawa asar becik, nanging yen akeh sidekahe, yen lara tutulake dusana sekar setaman ( banyu diwenehi kembang rupa-rupa), serta setaman kang ngango adus mau buwangan meng alas, yen nandur kudu kang akeh winihe, serba ratu utawa mantri becik, nrajang musuh becik, trinajang ala.

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.

Entri Populer