Friday, July 16, 2010

Watake menungsa menurut tai lalat

1. Ing sirah tengen aran MANIK HARGA, akeh begjane lan kasembadan sabarang karepe.

2. Ing sirah iring kiwa, aran JEMJEM, ora nduweni kekencengan, kerep nemu rubeda.

3. Ing sirah mburi aran CANTUKA, sabar. Kendel, temen lan santosa, ayeman sabarang gawe.

4. Ing embun-embun aran DUYUTI, demen goroh culika ngamandhaka.

5. Ing uyeng-uyeng bener, aran PULUNGJATI, pinter titi ngati-ati lan becik banget atine.

6. Ing batuk kiwa utawa tengen aran WERDATAMA, lantip pikire.

7. ing tengah-tengah batuk, aran BERCARA, pinter lan micara, kendel sarta becik atine.

8. Ing pilingan kiwa utawa tengen, utawa karo-karone pisan, aran SRITUWUH, sugih rijeki lan
sabarang kang katihindakake akeh kauntungane.

9. Ing sanduwure tlapukan mata tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan aran
GUNASAKTI, limpt budine, bisa manjing ing ajur-ajer pangupajiwane sarwa gampang ora
kekurangan.

10. Ing ngisore tlapukan mata tengen utawa kiwa, utawa karo-karone aran PUNGGUNG,
bodo,kesed. puguh lan kangelan sandangpangane.

11. Ing poking mata tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan aran TAMENG TUWUH ,
meneng, anteng yen gunemen temen.

12. Ing putihing mata tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan aran BUTA , brangasan,
goroh lan umuk.

13. Ing suluhan njero mripat tengen utawa kiwa , utawa karo-karone pisan aran SRIPADU, lilan,
temen, pinter lan andap asor.

14. Ing alis tengen, aran KAJEN, becik atine lan seneng tutulung.

15. Ing alis kiwa, aran JATMIKA, di tresnani wong akeh, serta yen wis jojodoan akeh begjane lan
slamet.

16. Ing pipi tengen utawa kiwa karo-karone pisan sarta cedak mata ara SRIGATI , demen
sasanakan lan demen weweh, yen ketekan dayoh pradah akeh susuguhane.

17. Ing tengah-tengah pipi tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan aran TUJUHSIH ,
ditresnani wong akeh lan kerep ditekani wong omahe.

18. Ing tengah-tengah gligir irung, aran TURUNSIH, yen wis due bojo diternani wong lan akeh
begjane.

19. Ing irung saenggon-enggone, aran PULUNGSIH, ditresnani lan akeh begjane, karepe akeh
katurutan.

20. Ing lekikan ngisor irung, aran PALGUNA, limpad wicarane, sregep ing gawe, nanging sering
kangelan rijekine.

21. Ing lambe nduwur, aran GUNASAKTI, pinter lan gampang sandang pangane.

22. Ing lambe ngisor, aran LUMER , becik atine disuyudi wong.

23. Ing kuping tengen utawa kiwa, lan akro-karone pisan, aran SRI KURDA, panasbaran
gampang nepsune.

24. Ing poking cangkem tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan aran NYLAREM, pinter
micara, nanging angel sandang pangane.

25. Ing janggut saenggon-enggone, aran CIPTAKUKILA demen lan pinter micara, nagning sok
kaladuk.

26. Ing gulu saenggon-enggone, aran SRIDAYA, pinter lan mulur atine.

27. Ing ghitok saenggon-enggone, aran punggel, bodho lan cekak atine.

28. Ing pundak tengen, aran DAYAKARSA santosa kekarepane, apa kang arep ketindakkake.

29. Ing pundak kiwa aran DAYALENA , tanpa kang nduwe kekecengan.

30. Ing dada tengen utawa kiwa, lan karo-karone pisan aran TUNGGULRANA, santosa,kendel

wani ing pakewuh bisa ngentasi gawe.

31. Ing susu kiwa utawa tengen, aran SRIASIH didemeni wong.

32. Ing sanduwure pulung ati, aran RENA, berbudi lan apa karepe bisa kasembadan.

33. Ing geger tengen utawa kiwa aran REKSAMULYA bisa nyimpen wadi

34. Ing wudel aran MANUHARA, becik kelakuane tansah nemu seneng.

35. Ing bangkekan tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan aran KAPITA temen lan
kenceng karepe.

36. Ing tepak tangan utawa kiwa, utawa karo-karone pisan, aran BUDIAMA, pinter lan akeh

piturute.

37. Ing ula-ula, aran MURWAT, bisa gedhe drajade lan di luluti wong akeh.

38. Ing lengen tengen utawa kiwa , uatawa sakro-karone pisa, lan ing sikut tengen utawa kiwa

aran REKSAMUKA, santosa lan mantep sabarang gawe.

39. Ing gegering epek-epek tengen utawa kiwa aran RAJAKELENG , kuwat badane, yen tangan

mau kanggo nabok sok niwasi.

40. Ing epek-epek tengen utawa kiwa, aran RAGAM bisa nyimpen benda.

41. Ing sikut kiwa utawa tengen , aran GUTAMA ditresnani wong akeh lan dhemen gawe
becikan.

42. Ing lengkongan sikut tengen utawa kiwa aran PURUSA, santosa sedyane.

43. Ing cengklakan tangan tengen utawa kiwa n utawa sakaro-karone pisan, aran TUTUP, bisa

nyimpen wadi.

44. Ing driji tengen utawa kiwa, utawa sakro-karone pisan aran UNGGUL, apa kang
katindakake bisa unggul.

45. Ing ugel-ugel tangan tengen utawa kiwa aran BRASTA, boros tanpa duduga.

46. Ing bokong sisih kiwa utawa tengen aran BASU,kangelan golek sandang pangan mlarat.

47. Ing poking walakangan tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan, aran BIMALAKU ,
sarwa rikat cukat panggaweane,santosa karepe, nemu kabegjan.

48. Ing perji ( kemaluan ) aran GUTUKBRAMA, akeh begjane.

49. Ing kempol ( betis ) tengen utawa kiwa aran SITARESMI, terang ingetane.

50. Ing bener balunge kempol tengen utawa kiwa aran WREGENG, boros tanpa duduga

51. Ing ugel-ugel sikil tengen utawa kiwa aran PASREN demen nganggon sarwa becik, lan kuwat
lumaku adoh.

52. Ingsikil tengen utawa kiwa aran AMARTANI , kabegjane tatanen.

53. Ing tungkak sikil tengen utawa kiwa aran JUTI, goroh lan demen ngapusi.

54. Ing tlpakan ( dlamakan ) sikil tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan, aran WECA,
dhemen laku becik lan suci atine.

55. Ing drijing sikil tengen utawa kiwa aran WERDIGUNA , tansyah nindakake kabecikan.

56. Ing dengkul tengen utawa kiwa, aran ANCALA, narima, kuat nandang kasusahan lan kuat
lumaku adoh.

57. Ing lekikaning dhengkul temngen kiwa , utawa karo-karone pisan kurang tetep atine.

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.

Entri Populer