Thursday, July 15, 2010

Ngalamete lindu / lini utawa gempa

YEN ANA LINDU ING SASI :

1. sura awan, akeh lelara lan prihatin, yen mbengi/malam hari larang pangan

2. Sapar awan, akeh wong pada ngalih panggonan, mbengi wong pada kepenak, kewan ora
kurang
rarambanan.

3. Mulud awan, akeh wong fitnahan, mbengi akeh udan angin

4. Rabingulakir awan, akeh pasulayan lan papati, mbengi akeh prahara, udan angin tapi wong
pada nikmat.

5. Jumadilawal akeh wong padesan akeh woh wong pasulayan fitnahan lan kadurjanahan,
mbengi palagumantung pada gogrog katiga/kemarau panjang, panas banget.

6. jumadilakir awan, akeh maksiat, kemarau panjang, mbengi pada tentrem atine.

7. rejeb awan, pageblug raja kaya, mbengi ing padesaan akeh durjana, lan pada ngalih
panggonan.

8. Ruwah awan akeh lelara lan larang pangan, mbengi akeh wong seneng lan murah sandang
pangan.

9. Pasa awan Wong padesaan pada tukeran, mbengi wong padesaan pada ngalih panggonan.

10. Sawal awan, wong pedesaan pada prihatin, mbengi wong pedesaan pada tukeran, akeh kang
mbakang parentah.

11. Dulkaidah awan, akeh supatane wong tuwa, wong agung pada sulaya, wong padesaan akeh
pada lali maring wong tuwane, mbengi akeh wong mati lan ngalih nagara.

12.Besar awan, Pageblug, akeh dukacita, mbengi akeh udan sarta nemu raharja suka slamet
sakabehe.

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.

Entri Populer